tedhak mring Gedhong Kuning
nora tebih prenahipun
salering Prabayeksa
ing jro wus den uningani
sakaliyan jumeneng neng emper wetan.
35. Lestari kang atut wuntat
Jeng Gusti Pangran Dipati
ngawe abdi tukang gabar
Wlandi Tuwan Sepas nami
prapta ing byantara ji
sawusnya tusetelipun
pinasang gya ingemat
den inceng sampun pakolih
masang kaca drogen plat prantining gambar.
36. Jeng Pamasa Surakarta
pangandikanira aris
Adhimas Pangran Dipatya
kacane lense kaeksi
kabunaren sathithik
padhang sorote lumebu
prayoga pinayungan
dimene bisa ngundhuhi
kangjeng risang narpaputra mangarsana.
37. Asta kumlawe sasmita
dhawuh mundhut songsong kuning
dangu ing wataranira
pundhutan durung lumadi
jeng sri ngandika malih
kang ngampil tameng puniku
sira bae majuwa
tameng anggonen nutupi
sajak gugup matur sandika mangarsa.
38. Dyan Behi Bujadipura
95