Menyang kontèn

Kaca:Srikarongron 1.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

27. Sadaya kang sami lenggah
katon rena ing panggalih
saking katemben umiyat
Sampeyandalem Sang Aji
ing Surakarta Nagri
kalampahan amertamu
kapanggih ingkang rama
Jeng Sinuhun Sultan munggwing
jro kadhaton pandhapa Bangsal Kancana.

28. Apantes tan ana wingwang
sekaliyan jeng sang aji
sami umat-ingumatan
lega-legawaning galih
lir wus kulina lami
tan mantra-mantra kalamun
anembe pepanggihan
raket-rumaket amongsih
yata wau Srinarendra ing Ngayogya.

29. Alon pangandikanira
manawi pareng suwawi
malebet ing Prabayeksa
kula aturi mriksani
srinata ngandika ris
rama prabu sakalangkung
bingahing manah kula
rama prabu anglilani
kula kinon mlebeng Dalem Prabayeksa.

30. Gya jumeneng sakaliyan
kang lenggah sami ngurmati
srinarendra kanthen asta
mangilen lumaris aris
munya gangsa myang musik
awor suwarane umyung
kang atut wuri nata

93