Kaca iki wis dikorèksi
amindha baskara, muntab wajanira gathik, sora manabda wengis, i babo-babo kumlungkung, Baron Sekeber sira, banget denta mejanani, umbagira kadi nglalanangi jagad.
32.
Baya apa sira mamak, tan arsa kulak pawarti, lamun sun
Radyan Pragola, kang kaloka ing ngajurit, ya iki warna neki, marma yen sira yun ayun, yo gya sira nungkula, ing kene sungawe becik, lamun bangga yekti sira kari nama.