Ong Swan Lo Tja naoeri watjana manis: „Jèn ngagem makoeṭa, bisa ngembara sirèki, mandjing Soeralaja bisa.
Jèn ngembara sira loewih lawan angin, jèn ngagem teloempah, bisa mandjing djroning boemi, soen paringi manèh sira.
Siḳep djoerit penṭoeng wesi aran bindi, anggonen jèn joeda.” Tjin Han nembah anampèni, toemoeroen mring ngartjapada.
Sarta ngrasoek boesana djimat peparing, miber wor maroeta, nèng gegana milang-miling, ningali kahjangan éndah.
Bebandjaran peṭètané warni-warni, Tjin Han remen moelat, lampahé mampir ningali, katingal wonten wanita.
Widadari warnané ajoe linoewih, Tjin Han sroe kasmaran, sigra waoe marepeki, sang dyah aroem dènja modjar:
„Ḍoeh satrija sinten sinambating wangi, poendi kang pinangka?” Tjin Han mèsem anaoeri: „Aḍoeh nimas: tambet koela.