Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
75

teg bèri saoeran, loehoer bètèng nimbangi bèri goemoeroeh, kapireng sang sénapatya, Djin Koe Wi kroḍa mawredi,

Ngandika mring wadya djaga: „Ana paran benḍé bèri tinitir? pirsanana dipoen goepoeh." Mantri djaga sandika, sigra lèngsèr ngoewoeh-oewoeh baris loehoer: „Wong pradjoerit ana paran, loehoer bètèng nitir bèri?”

Atoeripoen wadya-bala: „Wonten mengsah bala Sa Po Tong dingin, prapta ladjeng baris ngepoeng, soembar aminta lawan, ladjeripoen Dig Pan To Djin Hwi Pak Swan Soe, goeroené Sa Po Tong mengsah, moegi katoer sénapati."

Mantri djaga sigra-sigra, matoer nembah: „Ḍoeh goesti sénapati, djawi bètèng wonten moengsoeh, ngepoeng bètèng poenika, bala ingkang kasoran ḍingin prangipoen, Sa Po Tong lan goeroenira, Hwi Pak Swan Soe Dig Pan To Djin.”

Djin Koe Wi asroe ngandika: „Ija betjik bebaṭang teka maning, sanadyan enḍasa sèwoe, ingsoen mangsa girisa, apa manèh Srinaléndra oewis kondoer. Hèh mantri sira oendanga, loehoer bètèng ngati-ati,

Sedija goentoer kang kaṭah, goentoer séla goentoer