Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
73

loemadjar, ladjeng pinapag sroe angling: „Babo-babo anak emas sénapatya,

Koela ngoengoen sawab napa arsa moendoer? doemèh wadya Tong Tya, katah bantoené nḍatengi, bisa ngoendoeraken wadya ing So Jang Sjah.

Sedyaningsoen ngerig wadya arsa toeloeng, woesana kepapag, lah samangké kadospoendi, anak emas napa adjrih mring wong Tong Tya?"

Atoeripoen Sa Po Tong sarwi ngembeng loeh: Resi koela warta, saking sisip ngong pribadi, ndadak kena panggodané asoe gerang,

Kang sineboet Dyah Ko Kim poenggawa sepoeh, koela engkos oega, plempas-plempoes arsa midjil, ngong lilani mijak bala ladjeng medal.

Nggih poenikoe mring Tong Tya angirid bantoe, nganți sinatrija, ladjeré bantoe kang prapti, anakipoen Djin Koe Wi anama Ting San,

Kantinipoen pradjoerit wanita ajoe, nempoeh ing kepoengan, sedaja soera ing wèsṭi, djroning bètèng inggih medal sareng mangsah.

Marmanipoen koela kasoran ing poepoeh, wadya katah pedjah, djimat koela sirna enting, sedya koela moendoer matoer Srinaléndra,