Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
70

Sang dyah ajoe miwah doeloeripoen kakoeng, Ta It Ha miarsa, gja séba lan sénapati. Tan winarna woesingaken mantoe poetra.

Soekèng kalboe séba iboe dèwi Li Joe. It Ha nata wadya; ni Li Joe marwatèng galih, langkoeng asi mring mantoe Ta Swan Tong retna.

Jata waoe praboe Tong Tya kang winoewoes, lagja siniwaka, panembahan moenggèng ngarsi, miwah para pradjoerit andèr soeméwa.

Sanga Praboe andikané manis aroem: ,,Kakang pa- nembahan, manira sah saking poeri, praptèng mangké sampoen wonten enem warsa.

Boemi moengsoeh woes katah ingkang kairoep, ma- nira pratjaja, ija marang sénapati, ing samengko soenarsa kondoer mring Tong Tya,

Dé bab moengsoeh ingsoen pasrah ladjer poepoeh, kakang sénapatya, mengkoni sagoeng pradjoerit, ngloeroeg ngantjik boemi Sé Ljang ingsoen pasrah.

Milanipoen kadospoendi ingkang remboeg?" Panem- bahan toernja: „Sinoewoen inggih oetami, pan djoemoeroeng kang dados karsa Naléndra."

Nembah moendoer panembahan moendi dawoeh,