Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
55

Kjan Tik Tong Tya roemijin, reboet margi perang tanggon.

Nggih poenika saking djimatipoen tangsoel, Sik Ting San katjepeng kénging, peksané tinigas goepoeh, djrih koela menèk niwasi, ingkang iboe koela taros.

Kang soepados dadia kanṭining poepoeh, sawab pawèstri pradjoerit, kang iboe ladjeng soemanggoep, nḍaoepaken poetra poetri, kang nami dèwi Ta Swan Tong.

Mangké dados djoḍoné Sik Ting San waoe, kalilana djeng Nrepati.” Sang Praboe ngandika aroem: „Pakenira nora sisip, bisa tetoeloeng maringong.

Apa ana oewong Tong Tya ingkang miloe?” Dyah Ko Kim matoer wotsari: „Lo Dong dados tjoetjoek lakoe, miwah Oe Ti Djing San goesti, lan malih poetoe Dyah Djwan Tong.

Nanging Lo Dong kapoepoe madyaning poepoeh, moengsoeh toemenggoeng Ké Pa Hi, Joeswa sangangdasa woloe, prakosa prawirèng djoerit, sampjoeh pedjah lawan Lo Dong.”

Sareng mjarsa jèn Lo Dong pedjah prang poepoeh, sang Praboe waspa dres midjil, panembahan sigra matoer: „Doeh goesti sampoen pinesṭi, kasmaran jèn winiraos.”