Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

47

soeh mring wadya.” Dyah Djwan Tong soemaoer bengis: „Aranmoe sapa? toetoera moepoeng oerip.”

Asroe modjar: „Jén takon djedjoeloekingwang, ja ingsoen nami Soen Tik, pajo tanding lawan.” Dyah Djwan Tong sigra mara, tjampoeh djoerit lawan Soen Tik, Sang Ljok Sing kebat, tjampoeh djoerit lan Dji Djin.

Bala tempoeh kawoer djoerit pada bala, ramé bentik-binentik. Sigeg kidoel joeda, Tat It Ha koelon mjarsa, tengarané sénapati, sigra naradjang, bareng sawadyanèki.

Kagégéran kang ngepoeng kidoel goemerah, sigra ladjering baris, ngetap kang toerangga, mara asroe watjana: „Hèh wong katé koemawani, bilai sira, tibané abirmami.”

Ladjer kalih kang sidji Njo Hong kang nama, sidji nami Hong Dyan Ting, Ta It Ha naradjang, tanpa tanja-tinanja, Hong Dyan Ting asroe angabir, Ta It Ha kebat, nangkis pentoengé wesi.

Ngiwa-nengan lir kitiran polahira, pentoengé mobat- mabit, ingabir tan kena, mandjing djroning pratala, Hong Dyan Ting bingoeng nadahi, sareng katingal, mentjoengoel moenggèng woeri.

Sigra mențoeng boentoeté toerangga kena, koeda gambira ndjondil, Hong Dyan Ting meh tiba, toerang-