gal, dèrèng mbangkat ing karja, tjobi koela ingkang ngreboet, bètèng Kim Hèh Kwan poenika.
Menèk mbangkat karja kedik, mbélani soewargi rama.”Ting San mitjorèng kalboené: ,,Anak matjan ija,,Ija jaji dèn prajitna.”
Lo Tjjang moendoer sira pamit, sigra nitih kang toerangga, ngembat-embat ing lawoengé, ngirid wadya sigra mangsah, prapta djawining lawang, asroe soembar ngoewoeh-oewoeh: ,,Hèh wong bètèng dipoen énggal.
Toemenggoengmoe kon metoni, ijèngsoen satrija Tong Tya, kang kasoeb Lo Tjjang namané, arsa nggepoek bètèngira, jèn wroeh wangsiting déwa, pada teloeka sirèkoe, adja kongsi soen toemandang.”
Wadya-bala matoer aglis, mring toemenggoeng Kim Hèh Koe Wan: ,,Noewoen goesti djawi bètèng, wonten moengsoeh saking Tong Tya, ladak sarwi sesoembar,” Toemenggoeng bramatya moewoes: ,,Kambilana koedaningwang.
Si bebatang peksa wani, medjanani awakingwang, jèn nora nigas djanggané, doedoe pradjoerit digdaja.” Sigra ngrasoek boesana, njandak abir ngoewoeh-oe-woeh:,,Pajo wong sèwoe miloea.”
Sigra nitih kang toeranggi, midjil saking korinira noelja ngetap toeranggané, Lo Tjjang ndoeloe moeng-