na, nami Lo Tjjang prakosa soedirèng kéwosh, oema-toer mring senapatya, kasmaran arsa mbélani.
Lo Tjjang matoer awor tangis: ,,Koela njoewoen sénapatya, nggentosi tjoetjoek lampahé." Sénapat aris modjart: ,,Jaji mas dèn prajitna, iki woes mati toemeng-goeng, bètèngé pajo rinebat. Sira dadi tjoekjoek djoerit, njoelihana ramanira, Lo Tjjang sandika loemèngsèr, nitih koeda ngembat toem-bak,koriné ménga kéwala. Sareng toemenggoeng ngemasi, wadya-bala samja boebar, tan poeroen béla patiné. Lo Tjang mandjing djroning lawang, miwah sawadyanira, sénapati ngatag goepoeh, mring wadya Tong Tya sadaja. Kinèn mandjing bètèng sami. Amoeng mirsani sadina, éndjing noelja mangkat agè. Tan winarna lampahira. woes prapta Kim Hèh Koe Wan, karja pasanggrahan agoeng, Sik Ting San kèndel pinarak Lo Tjjang matoér awotsari: ,,Koéla njoéwoén séna-patya, jèn maréngi ing karsané, rèhing koéla masih éng-
| Naraguna iki panyarta gladhèn #Wikisumber Jawa tanggal 6 Dhésèmber 2025 ing Surakarta |