Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
26


Tan darana Dyah Ko Kim sroe andjrit: „Aḍoeh mengko-mengko, sarèhena ingsoen matoer ḍéwé, mring goestimoe retna koesoema di." Wadya tjingak sami, sarwi asroe moewoes:

„Ndika sinten wani-wani menging, karsané dyah sinom? koemasoera ndika goemaloewèh." Sang Dyah Ko Kim mara bisik-bisik: „Matoera sang. dèwi, ingsoen pangran sepoeh.

Taklimingsoen atoerna sang poetri, Dyah Ko Kim Lo Kok Kong, Ting San iki nama Dji Lag Wan Swé, mandjing doeloer pangéran dipati, ingsoen matoer dingin, nadyan dipoen boenoeh.

Sawab ingsoen pinretjajèng Adji, arsa toetoer batos, mara énggal larapena agé." Wadya nggoenoeng loemajoe mring ngarsi, matoer retna dèwi: „Anggèr koela noewoen.

Djawi kori wonten kaki-kaki, prijagoeng Lo Kok Kong, arsa sowan padoeka djeng anggèr, ngakenipoen pratjajèng Nrepati, ing Tong Tya nagari, arsa asoeng remboeg.

Njoewoen moegi dèn sarèh roemijin, nggènja arsa ngeṭok." Retna ajoe angling djro kalboené: „Baja, iki mbotohi pradjoerit, kepanggih lan mami, arsa ngedjoem roekoen."

Ni Ta Swan Tong ngandikané manis: „Mengko adja