Menyang kontèn

Kaca:Setya Radja.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
23


noeng, ingsoen tari krana énak, ingsoen mèloe sira mrih sabaja pati, midjila oedjarira."

XXXI. Daoepipoen Sik Ting San kalijan dèwi
Ta Swan Tong.
30. Midjil.
Sang dyah ajoe ngoedjiwat sarjangling: .,Tembé ing-

soen toemon, satrija nom toer bagoes roepané, ndadak loemoeh nampik mring pawèstri, wong lanang kemangi, doedoe lanang pengkoeh.

Tan mentala matèni wong sigit, jèn pinoedjoe batos,

kakangingsoen doeroeng tamtoe awèh, seprandéné nora woedoe mami, jèn nijatmoe mati, ja sapoeloeh poeloeh." Sang Sik Ting San bramatya miarsi, asroe nggènja alok: ,,Wadon iki toer ajoe roepané, tjatjadipoen doe- gané setitik, nemboeng pada sidji, lir wong nemoe koe- woek.

Lamoen arsa matèni mring mami, agé sira ketok,

adja soewé manas ati baé, mapan ingsoen poetra sé- napati, nora wedi mati." Sang dyah asroe moewoes:

,,Wadyaningsoen wong nggoenoeng dèn aglis, ga-

wanen mring régol, lah tigasen Sik Ting San moerda- né." Para wadya sandika nandangi, tjinanḍak toemoeli, Sik Ting San tinoentoen.

Ni Ta Swan Tong bramatya sroe angling: „Karo