16
koewon mbelabar, sijang loemampah barisé. Genti ingkang winoewoes, wonten goenoeng djawi nagari, nami Ki Poe Wah arga, langkoeng déning loehoer, wonten koesoema taliban, wisma nggoenoeng dingin toeroené To Kjan Tik, inggih pradjoerit Tong Tya.
Poetra kalih djaloe lawan èstri, ingkang djaloe Ta It Ha namanja, dèwi Ta Swan Tong ariné, poetri ajoe pinoendjoel, kinasihan hjang Sing Bo dèwi, Ta It Ha ingkang raka, soedirèng pakéwoeh, bisa ngambah djro pratala, ḍingin dadya sekabatipoen kinasih, mring sang- hjang Ong Swan Lo Tja.
Balanipoen éwon-éwon djoelig, wisma nggoenoeng Ki Poe Wah aranja, asring mbebégal karjané, djoemeneng bénggol nggoenoeng, kinèringan ing mantja woekir, Ta It Ha étja lenggah, moenggèng soring kajoe, kagèt ningali gendéra, saking tebih katingal baris loemaris, katon saking ngaldaka.
Sang Ta It Ha waspada ningali, ingkang woeri pradjoerit wanita, kelangkoeng éndah warnané, tan ngéman gaman agoeng, sedyanipoen mbégal sang poetri, ngatag mring wadyanira: „Pajo paḍa meḍoen, angaḍangi baris ika." Sigra tjantjoet wadya-bala meḍoen aglis. Ta It Ha moenggèng ngarsa.
Tanpa koeda sikep penṭoeng wesi, sigra mapag barisan mring ngarsa, Ta It Ha asroe woewoesé: „Baris