12.
Endem iku kawruhana,
limang prakara den eling,
kang dhingin endem inuman,
pan wus cinatur ing ngarsi,
dadine nora becik,
dene kaping kalihipun,
endeme wong nonoman,
tur abagus ingkang warni,
ing busana iya nora kukurangan.
13.
Pangrasane nora nana,
wong abagus malih-malih,
mung dheweke kang njelarat,
mung dheweke kang njelanthir,
katungkul milang-miling,
ngaliling sariranipun,
Arjuna den lalarak,
Panji sineret babarji,
demang Genter demang Pater dadi lemah.
14.
Kang aran bagus pan iya,
jejere kalih prakawis,
kang dhingin bagusing rupa,
ping kalih bagusing ati,
nadyan rupane becik,
lamun ala atinipun,
yekti dadi wong ala,
rusuh sabarang pakarti,
tyase harda andarung tanpa ukara.
15.
Yeku ndeme wong taruna,
rosa kuwat barang kardi,
pandhuk ing sadaya-daya,
tan ngarah-arah rih-irih,
yeku karam sayekti,
dene kaping tiganipun,
endeming kawiryawan,