Kaca:Serat Pararaton.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

pêndhêtan, utawi pêthikan saking cariyos-cariyos Sangskrit ingkang sampun dados cariyos Jawi. Cêkakipun kawontênaning têtilaran kala ing jaman Hindhu ing pulo Sumatra sakêdhik sangêt. Ing Karimon, ing sacêlaking pulo Sumatra, ing sangajênging sungapanipun lèpèn Kampar wontên sêsêratan ingkang pinanggih mawi sastra nagari, ingkang makatên punika nandhakakên yèn agami Hindhu ingkang mangsudi ing ngriku madab Mahayani Budha. Dene sêsêratan ingkang pinanggih wontên ing lèpèn mundho ing Kitha Kapur, ing wêwêngkon nagari Bangkak, mawi sastra wênggi, nitik ing kawontênanipun kados-kados pandamêlipun wontên ing salêbêting taun Saka: 608

Agami ing India Ngajêng.

Agaminipun têtiyang ing India Ngajêng, ingkang kawical pêncar piyambak punika agami Siwah akalihan agami Wisnu, wondene ingkang agêng piyambak agami Siwah. Dewa kêkalih wau ugi kaanggêp dados panutanipun agami Brahma, sarta kasêbutakên ing piwulangipun