Kaca:Serat Pararaton.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ing Pulo Bali. Mênggah kawontênanipun kawruh tuwin kagunan Hindhu ing pulo Bali langkung kathah tinimbang ing Madura. Bayinat ingkang pinanggih wontên ing Bali bawah guprêmên kalêbêt gêgolonganipun sarta nunggil jaman tuwin têturutanipun ingkang pinanggih ing Jawi Wetan, kados ta: bayinat ingkang pinanggih ing bab sêratanipun tiyang ing Bali, ingkang ugi dipun wastani sêratan Jawi Bali, punika sêratan Jawi Enggal mawi tata kina, sêsêratan ăngka taun ingkang dumunung ing guwa ing Sangit, tuwin sêsêratan kina sanèsipun, anêdahakên manawi pulo Bali sampun sami lêlanggatan kalayan santosa akalihan tanah Jawi kala ing abadipun taun Saka ingkang kaping sanga sarta sadasa. Ananging ing pulo Bali botên wontên patilasan-patilasan, sarta kêkantunaning patilasan ingkang samantên sêpuhipun. Punapa malih sêsêratan Jawi Kina, kala jamanipun Èrlangga, inggih punika ing salêbêtipun taun Saka, kirang langkung ăngka: 950 utawi ingkang katitimangsan kala ing jaman watawis satus taun sabakdanipun Èrlangga, inggih punika ingkang pinanggih [pi...]