Kaca:Serat Pararaton.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Budha, sanadyan madab Mahayani, ananging mêkaripun botên ngantos sangêt kados nalika wontên ing Jawi Têngah ngantos anilar patilasan ingkang ngebat-ebatakên. Ing ngriku têtiyang Budha inggih gadhah patilasan, kados ta: candhi Cumpang, katitik saking rêca-rêca Budha ingkang dumunung ing ngriku, namung candhinipun yèn katitik saking wontênipun sêsêkaran sarta rêrêngganipun, kados candhi Siwah.

Miturut ingkang kasêbut ing pêpèngêtan babad ing nagari Cina, sabakdaning mantukipun Brahmana Fahiyan saking pulo Jawi ingkang bab dhatêngipun sampun kasêbut ing ngajêng, wontên ing bab jaman Hindhu, kacariyos wiwit kala samantên nagari Cina atêpang rêmbag kalihan ing pulo Jawi dhatêng bab prakawis dagang, sabên-sabên nagari Cina amatah cundaka dhatêng pulo Jawi ing bab pêrluning dagang.

Ing pêpèngêtan Babad Nagari Cina inggih nyariyosakên, kala akiripun abad ingkang kaping tigawêlas, inggih punika ing salêbêtipun taun Walandi: 1292 karajan Cina angangkatakên wadyabala dhatêng karaton ing Tuma