Kaca:Serat Pararaton.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Banciking rêca namanipun: padmasana, sampiripun para Brahmana, ingkang ugi nandhakakên rêca pêpêthaning tiyang jalêr, anama: upawita, kêpêtipun winastan: camara, tumpakanipun Brahma winastan: wahana. Makatên malih banyak ingkang măngka têtumpakanipun Bathara Brahma winastan: Angsa, dene ingkang dados upacaranipun Bathara Wisnu, punika: 1. Syangka, salomprèt ingkang măngka têngaraning yuda, 2. Cakra, jêmparing ingkang sawarni rodha, 3. Garudha, tumpakanipun Wisnu.

                                 __________

VI. Wiwit Santosanipun Malih Agami, Kawruh, tuwin Kagunan Hindhu Salêbêting jumênêngipun karaton Majapait, ingkang iyasa Radèn Wijaya, wiwit ing taun Saka: 1214 ing taun Walandi: 1292 kacariyos karatonipun sangêt amisuwur dhumatêng liyan praja, dhasar Radèn Wijaya limpad ing saniskara. Ing kala punika agami kawruh tuwin kagunan Hindhu ing tanah Jawi wiwit mêkar malih, kala watawis kirang tigang abad kalihan jumênêngipun karaton ing Majapait,