Kaca:Serat Pararaton.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

[...t] dhatêng gêgolonganipun băngsa Hindhu ingkang ngajawi rumiyin piyambak. Katitik saking kathahing patilasan-patilasan Hindhu ingkang kina piyambak, sarta ingkang kantun-kantun, kados ta: candhi Suka, sarta candhi Cêtha ing rêdi Lawu, katawis yèn têtilaranipun têtiyang agami Wisnu, kajawi rêca-rêcaning Wisnu ing pulo Jawi pinanggih ugi rêca pêpêthaning saktinipun, sakti makatên garwaning dewa, ingkang kacariyos kababarakên mêdal saking salêbêting sagantên, sarta sakêlangkung listya ing warni, inggih punika Dèwi Laksmi utawi Sri. Ing ngriku ugi wontên rêca pêthaning Bathara Brahma saha Trimurti, ananging mirid kawontênanipun ing candhi-candhi sarta kathahing rêca-rêca pêpêthaning Siwah, anelakakên manawi sami-sami agami Hindhu ingkang pêncar wontên ing pulo Jawi gêgolonganipun agami Siwah ingkang kalêbêt agêng piyambak.

Rêca-rêca ingkang pinanggih wontên ing pulo Jawi miturut ing dhapuripun kaperang warni-warni, dhapur Pajajaran, kanamakakên makatên miturut karaton ing Pajajaran, ingkang dunungipun wontên ing Jawi Kilèn. Sadaya rêca-rê