Kaca:Serat Pararaton.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

75

ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦠꦼꦔꦃꦱꦂꦠ​ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦥꦺꦴꦏꦺꦴꦏꦻꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦻꦲꦸ꧈

ꦭꦗꦼꦁꦲꦼꦥꦁꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦒꦫꦶ​ꦲꦶꦱꦏꦶꦮꦠꦼꦁꦲꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁ​ꦲꦶꦁꦥꦱꦸꦫꦸꦲꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦿꦢꦶꦤꦷꦁꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀꧈ꦱꦂꦠ​ꦲꦼꦥꦁꦝꦠꦼꦁꦩꦢꦸꦫꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦭꦶ꧈ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦩꦢꦶꦲꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦲꦺꦠꦁꦲꦼꦥꦁ꧉

꧋ꦭꦗꦼꦂ​ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈ꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦼꦱꦼꦫꦠꦤꦶꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦱꦺꦭꦱꦺꦭꦒꦼꦱꦁ꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦭꦻꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦒꦫꦥ꧀꧈ꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦸ꧈ꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ꦏꦺꦴꦥꦶ꧈ꦱꦕꦶꦲꦫꦸꦠꦶꦤ꧀​ꦱꦂ​ꦠ​ꦲꦶꦁꦠꦸꦒꦸ꧉

꧋ꦭꦗꦼꦂ​ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦠꦼꦔꦃ꧈ꦏꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁꦱꦼꦱꦼꦫꦠꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦠꦶꦭꦱꦤꦺꦥꦸꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦁꦫꦶꦪꦥꦩꦸꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦒꦩꦶꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇ꦕꦤ꧀ꦝꦶꦕꦤ꧀ꦝꦶꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦠꦶꦭꦱꦸꦤ꧀ꦝꦏꦸꦤ꧀ꦝꦏꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦃꦝꦠꦼꦁꦢꦶꦲꦺꦁ꧈ꦱꦂꦠꦒꦸꦲ​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦭꦱꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦒꦩꦶꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸ꧈ꦤꦤ꧀ꦝꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦠꦼꦔꦃꦏꦭ​ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦱꦔꦺꦠ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦒꦩꦶꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸ꧉ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦠꦼꦔꦲꦸꦒꦶꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦠꦥꦏ꧀ꦠꦶꦭꦱꦶꦁꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ꦱꦂꦠ​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦕꦤ꧀ꦝꦶ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦲꦶꦁꦥꦫꦺꦱꦶ

ing Jawi Têngah sarta ing Jawi Wetan, saking pokokipun panggenan ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng êpang dhatêng ing nagari-nagari ing sakiwa têngênipun. Ingkang dumunung ing Pasuruan lajêng mradini ing Jawi Wetan, sarta êpang dhatêng Madura tuwin Bali, punapa malih Madiun kenging kaetang êpang.

Lajêr ing Jawi Kilèn, katitik saking sêsêratan ingkang dumunung sela-sela gêsang, têgêsipun sela ingkang dèrèng kagarap, ing Jambu, ing Kêbon Kopi, Ciarutin sarta ing Tugu.

Lajêr ing Jawi Têngah, katitik saking kathahing sêsêratan sarta patilasan pêpundhèn tuwin griya pamujanipun têtiyang agami Hindhu kados ta: candhi-candhi sasaminipun, tilas undhak-undhakan minggah dhatêng Dièng, sarta gua-gua ingkang wontên titikipun patilasaning têtiyang agami Hindhu, nandhakakên bilih ing Jawi Têngah kala ing jaman samantên sampun kathah sangêt têtiyang agami Hindhu. Ing Jawi Têngah ugi pinanggih kathah tapak tilasing candhi, sarta ingkang têksih wujud candhi, kados ta: ing paresi