Kaca:Serat Pararaton.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

71

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦧꦁꦱꦕꦶꦤꦲꦤꦩꦥ꦳ꦲꦶꦪꦤ꧀ (Fa Hian) ꦲꦶꦁꦏꦔꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦸꦭꦃ​ꦲꦶꦁꦏꦱꦸꦕ꧀ꦕꦺꦚ꧀ꦗꦶꦪꦫꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦤ꧀ꦝꦺꦔꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤꦶꦁꦱꦺꦭꦺꦴꦁ꧉ꦱꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦕꦶꦤꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦧꦻꦠꦩꦼꦢꦭꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦲꦤꦼꦩꦲꦶꦱꦁꦱꦫ꧈ꦧꦻꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦸꦚ꧀ꦕꦔꦶꦔꦔꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤꦭꦸꦤꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦢꦸꦩꦸꦒꦷꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦱꦼꦩꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦥ꦳ꦲꦶꦪꦤ꧀꧇ ꦪꦥ꦳ꦝꦶ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦻꦁꦱꦊꦧꦺꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠ​ꦲꦸꦚ꧀ꦕꦶꦤꦻꦁꦏꦁꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠ​ꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶꦤꦸꦗꦸꦮꦂꦱ꧇ 414꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦁꦫꦶꦏꦸꦥ꦳ꦲꦶꦪꦤ꧀ꦢꦺꦢꦸꦤꦸꦁꦒꦁꦱꦭ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉ꦱꦱꦸꦩꦼꦫꦺꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥ꦳ꦲꦶꦪꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦁꦫꦶꦏꦸꦏꦛꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦶꦥꦸꦤꦥꦱ꧀ꦱꦺꦏ꧀꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦻꦴꦤꦶꦏꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦪꦔꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤꦁꦒꦝꦲꦶꦥꦤꦸꦠꦤꦒꦩꦶ꧈ꦠꦼꦠꦼꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦏꦪꦸꦮꦠꦸ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦫꦔꦶꦱꦺꦔꦶꦱꦺꦤꦶꦔꦭꦩ꧀ꦱꦤꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦒꦩꦶꦧꦿꦃꦩ꧈ꦢꦺꦤꦺꦠꦶꦠꦶꦪꦔꦶꦁꦏꦁꦁꦲꦼꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏꦏꦲꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦔꦒꦩꦶꦧꦸꦝꦤꦩꦸꦁꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀꧈ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦫꦁꦥꦺꦂꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦏꦼꦤ꧀꧉ꦲꦶꦁꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥ꦳ꦲꦶꦪꦤ꧀ꦏꦧꦸꦚ꧀ꦕꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦭꦺꦴꦗꦮꦶ꧈ꦱꦂꦠꦮꦁꦱꦸꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦕꦶꦤ꧈ꦲꦮ

Wontên satunggiling pandhita băngsa Cina anama Fahiyan (Fa Hian) ingkang andon lampah ulah ing kasucèn jiyarah dhatêng papan-papan pêpundhèn ing Hindhustan tuwin ing Selong. Sawangsulipun dhatêng nagari Cina anumpak baita mêdal ing sagantên, anêmahi sangsara, baitanipun kabuncang ing angin tuwin aluning sagantên, dumugi ing pulo Jawi, ingkang kala samantên dipun wastani dening Fahiyan: Yafadhi, inggih punika kala ing salêbêtipun taun Cina ingkang cocogipun kalihan taun Walandi nuju warsa: 414, wontên ing ngriku Fahiyan dêdunung gangsal wulan laminipun. Sasumêrêpipun Fahiyan, ing ngriku kathah têtiyangipun Pasèk, inggih punika tiyang-tiyang ingkang botên anggadhahi panutan agami, têtêp anêmbah kayu watu, tuwin barang isèn-isèning alam sanèsipun. Punapa malih ingkang wontên têtiyang agami Brahma, dene têtiyang ingkang ngèstokakên dhatêng agami Budha namung sakêdhik, ngantos kirang pêrlunipun kacariyosakên. Ing nalikanipun Fahiyan kabuncang wontên ing pasisiripun pulo Jawi, sarta wangsulipun mantuk dhatêng nagari Cina, awa