Kaca:Serat Pararaton.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

[...lih] malah suda sawatawis. Ing nalika wau têlênging agami Budha kenging winastan nglêmpak wontên ing Surabaya, namung sawatawis katingal tumêngkar wontên ing Madiun, ing ngriku pinanggih lumbung-lumbung Budha, sarta griya pêpundhèn alit-alit kathah.

                                  __________

                                IV. Jaman Hindhu

Nitik ing kawontênaning patilasan-patilasanipun têtiyang Hindhu ingkang sami dhatêng ing India Nèdêrlan, kados-kados wiwit kala ing jaman kina mila pulo Jawi tinimbang pulo-pulo India Nèdêrlan sanès-sanèsipun, kalêbêt sampun majêng piyambak. Kawruh tuwin kagunanipun băngsa Hindhu tuwin agaminipun, pêncaripun wontên ing tanah Jawi anglangkungi ing kapuloan sanès-sanèsipun, ing sangandhapipun tanah Jawi ingkang sampun kalêbêt kambah ing têtiyang Hindhu kala ing jaman samantên, pulo Bali kalihan Madura, Sumatra, Borneo tuwin pulo alit-alit sanèsipun ing sacêlaking tanah Jawi, Sumatra, Madura sarta Bali. Pandugi