Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

85

kinara wistha ing kancana, asangsangan mas candrawirama, asekar mas rinéka anggrèk sutèngsu, arumbing kinala cakra apanunggul retna mandaya, soroting retna pagut lan liringing tingal, kadya kilat barung lan thathit, wimbuh akarya wulangun, Sri Bathara ageganda jebat kasturi, gandanira anrusing pagelaran, saha ingayap para waranggana samya langkung éndah kang warna, rinengga sumbaga, sosotya mutyara asri ngenguwung, senening retna pagut lan liringing tingal lir kilat binarung thathit, tinon saking mandrawa kadya murca kinedhèpna. Wau ta sawiyosira Sri Bathara tan ana sabawané walang salisik, amung swarané pandhé gendhing kemasan tuwin swaraning kutut manggung anèng gantangan.

GANGSA GESANG, SUWUK,
LAGON, KAWIN BASANTA.

Sébetbyar wau ta, dèrèng dumugi nggènira imbal pangandika Mahasri Bathara Éndra lan Kya Patih Déwantaka, kasaru rawuhira Sangywang Kanékaputra, ingutus Sangywang Jagadpratingkah, andhawuhi Sangywang Bathara Éndra, kinèn animbali tumunten dhumateng pandhita ing Ngéndrakila, sekala cumlorot saking jumantara, clorot, clorot, clorot.

GESANG, REP.

Wau ta, sarawuhira Sangywang Kanékaputra wonten ngarsanira Sangywang Bathara Éndra, ya mangkana yitnanira Sangywang Bathara Éndra, "iki Uwa Sangywang Kanékaputra prapta ana ing kaéndran, apa ya dinuta marang Kangjeng Rama, apa ya kawismayanya priyangga", wondéné pangunandikanira Sangywang Kanékaputra, "iki yoga ulun Bathara Éndra, kepasang yogya lagya séwaka, iba gitanya ywan wus uning wedharing sabda Adhi Guru ing mangkya", yekti mangkana pangunandikanira Sangywang Nurada.

GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON,
POCAPAN (215).

Wau ta Sangywang Bathara Kanékaputra, sawusira rampung nggènira dhedhawuh dhateng ingkang putra Sangywang Bathara Éndra, arsa lajeng dhateng pabarisanira para jawata ing ngardi Semèru, lah ing ngriku Sangywang Bathara Kanékaputra nulya ngandika.