84
wan, apa tegesé kèmengan badra irawan, kèmengan pakéwuh, badra mendhung, irawan srengéngé, lir surya kalingan mendhung rem-rem surem ing driya kapetengan, Sri Bathara saweg kapetengan penggalih prakawis raseksa ratu ing negari Ngimataka, ajujuluk Maharaja Winatakwaca, kados pundi ing mangké kajengipun naréndra ing Ngimataka, sapejahira raja sekawan, punapa inggih teksih ndumugèkaken anggènipun nyuwun Dèwi Supraba, punapa inggih dipun wandèkaken, sapunika dèrèng angsal katerangan. Sinigeg pangrengganing nata, kocapa ingkang wonten pasowanan jawi, ingkang wonten ngajeng tengah punika, Rekyana Patih Déwantaka, tengenira Rekyana Patih punika putranira Sangywang Bathara Éndra, ajujuluk Sangywang Srengganidéwa inggih Sangywang Jayantaka, kéringira Rekyana Patih punika inggih putranira Sangywang Bathara Éndra ingkang taruna ajujuluk Sangywang Citragana, wingkingira Sangywang Citragana punika, Sangywang Déwasukata, tengenira Sangywang Déwasukata Sangywang Déwamadhendha, Sangywang Déwamadhendha nengenaken Sangywang Subrangta, pepak andhèr jawata andel ing Ngéndrabuwana, tuwin yang-yang ambelabar lir samodra bena, panganggéné awarna-warna kadya ta
sekar setaman, angébeki imbanging kayangan lir angrubuhna pacak suji ing swarga Ngéndrabuwana. Wau ta boten antawis dangu wiyosira Sangywang Bathara Éndra, punapa antawisira yèn miyos, jajaran ingkang
medal rumiyin yang-yang pratiwa samya mahargya sasanti yuwana, binarung swaraning kawah Candradimuka jumegur rambah kaping tiga, gur, gur, gur.
GANDHANG-GANDHANG (214),
GANGSA GESANG, REP, GANGSA LADRANG, REP.
Wau ta sawiyosira Sri Naréndra anèng ing Trenggatana rinengga, kasongan ing witana adi rinukmi, para yang-yang prawita kanan kéring wurinya Sangywang Bathara, panganggénya néka warna, jawata agul manggala anjajari munggèng ngarsa, pantes tan ana wingwang Sri Bathara ari kalanira miyos siniwaka, pinarak ing kundarana rukma pinatik sosotya mutiyara, alelèmèk trenaning pandhan sinulam ing kancana, rinengga asri Sri Bathara pratista yèn akampuh sawat rinukmi, apaningset rénda surati, ing nglebet mawi cindhé sekar wilis, sinampiraken wangkinganira keprabon, alancingan cindhé kupu bebunton rinénda adi, arasukan baludru rinukmi, asebé tinepi binara kancana, abinggel natasmara, kelat bau sarparaja, ulur-ulur kancana rinéka nagéndrasmara, ajejamang sungsun tiga, kinancing garudha mungkur, sinangga ing praba