83
(28 - REJEP 1856 A.J.; 11 - FEBRUARI - 1926 A.D.)
(Kraton Yogyakarta MS W.C.6)
KANDHA MINTARAGA, JEJER 4 DINTENGENDHING TLUTUR, REP.
Hong ilahèng, hong ilahèng, hong ilahèng, awigenam astuhu nama sidhem, ana ta ratu sudibya, paradèng ing ngalam purwa, pranatèng ngrat pramudita, lila sekaring buwana, tumiyèng Sangywang Wasésa, brangta nadi sinagya anirancana, lalata surya angkara-kara karana dya kawerdèng Ywang Sukwanangsa, linanggya nawa nama sutijèng kara, anenggih kayangan Ngéndrabuwana, kang kaéka adi dasa purwa, basa éka marang sawiji, adi marang luwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan, nadyan kathah panjenengan Sri Bathara ing jagad pramudita, ingkang kasangga pratiwi, ingkang kaungkulan ing ngakasa, ingkang kagebeng ing muhara, ingkang kasiwer in samodra, ingkang kasenenan Sangywang Pratonggapati, kang kapadhangan Sangywang Purnama, datan paja mirip ing swarga Ngéndrabuwana, kayangan ngenguwung tuméja wangkawa, sumorot amawa cahya, gumebyar maratani imbanging ngarga, karya inggar tyasnya titah ing marcapada, nenambahi gemah ripah sagung rajakaya, amung aglar munggèng pangonan, apranyata Sangywang Bathara Éndra punika, putranira Sangywang Jagadpratingkah, ingkang pandhadha, pambajeng Sangywang Bathara Sambu, Sangywang Bathara Éndra pinasrahan nguwasani langening sari ing Suralaya, winenang andum nugraha, dadya korining Swargaloka, yèn wonten titahing ngabathara darbé panuwun, tamtu mijil Sangywang Surapati, apranyata Sangywang Bathara Éndra punika jawata agung dananya, ambuktèni jalma tan amboga, asung busana kang nglinggana, mikekahi jalma kagiwang laksita, ngaubi kabentèran surya, amulang bola-balilu, anggeganjar ing prang pupuh, ngapura tiwasing karya, amanggung titi pariksa, mintir pangrèhing utama, tuhu panjenenganing jawata tur kinuwasa, kocap sapunika Sangywang Bathara Éndra saweg kèmengan badra ira-