Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

79

    akarsa mangsah ing rananggana, tedhak saking titihanira dipangga, jlog. Tandya kapethukaken Sangywang Bathara Brama, wong agung kalih sareng mulat mangilèn, katingal sumirat anglayung ingkang raditya.
    GENDHING SUMIRAT, REP.
    Wau ta saajengira wong agung Pranggupita, wadya ing Ngimataka upaminya kadi bendungan bedhah katempuh ing banjir ageng, dhadhal larut tan mangga puliha, namung kantun lajeripun kémawon. Sinten ta ingkang minangka lajer, inggih wong agung Paranggupita Prabu Jayapurusa, angléla madyèng ranagana, ya mangkana yitnanira wong agung Pranggupita, “ya jagad
  1. déwa bathara, ora talah sanak-sanakku ing Ngimataka, seméné baé boboté, ora sembada karo kasaguhané dhèk ana ngarsané anak prabu, bledag-bledag kaya dilata wesi abang, kaya mutungna wesi gligliran, toging prana abot merang sagèdhèng.” Wimbuh sareng mulat Sangywang Bathara Brama, sangsaya muntap kurdhanira, ya mangkana yitnanira Mraja Jayapurusa, “sapa prajurit kang mapagaké menyang aku iki, déné angluwihi temen kuwanèné, sembada karo rupané lan prakosané, pangrasané ora ana sing ngalahaké, dakkira sepisan iki ketanggor padha becik, ora
  2. wurung ana kang ajur kuwandané salah siji.” Wondéné yitnanira Sangywang Bathara Brama, “baya iki pramugariné titah Ngimataka, kawistara panganggoné béda karo kang akèh-akèh, destun titah ngemping lara nggénjah pralaya, déné benyunyak-benyunyuk, pari peksa ayun mboyong si Supraba, wignya kaleksanan ywan wus golang-galing murdané Bathara Brama,” titi mangkana yitnanira Sangywang Bathara Brama.
    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (208),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (209).
    Lah ing ngriku wong agung kalih nulya ngasta agemira gada lan bindi, cag. Sarwi ngandika.
    GANGSA KALAGANJUR, PRANG, REP.
  1. Wau ta Sangywang Bathara Brama, sareng dènbindi