Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

76

    nyuduk-nyuduka, apa ulun dikira ulap, déné ngisin-isini temen, ulun mundur karo titah kadya mangkana," yekti mangkana yitnanira Sangywang Mahadéwa.
    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (195),
    GANGSA PLAJARAN, PERANG, KANTARANING BAU,
    TERUS PRAGOLANING PUPU,
    GANGSA SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (196).
  1. Wau ta Sangywang Mahadéwa, lan wong agung Giri-guthaka, nulya sami narik agemira curiga.
    KAWIN,
    POCAPAN (197),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
    Wau ta Prabu Téjalelana, ingkang yuda goco-ginoco lan Sangywang Mahadéwa, sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa, saking wuleting kusika, titihing dhuwung, wer mleseg ukiran ogak, kang asta sami ngemu ludira, kang curiga nulya dèn sarungaken malih.
    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (198).
    Wau ta wong agung Giriguthaka, nulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing,
  1. jumangkah suku kang kiwa, mancat siti suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta, kang warastra tandya lumepas kadi kilat.
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (199).
    Wau ta Sangywang Mahadéwa, nulya ngasta agemira jemparing, cag, angiwakaken gandhéwa, anengenaken jemparing.
    KAWIN, GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (200).
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.