Kaca iki wis divalidasi
75
- majeng sura madilaga, kapethukaken Sangywang Bathara Raswarodra, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
- POCAPAN (191),
GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (192).
- Wau ta Sangywang Bathara Raswarodra, nulya ngasta agemira pedhang, Patih Mandraprakosa nyandhak bedhamanira limpung, cag, sarwi wicanten.
- POCAPAN (193),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
- Wau ta Sangywang Bathara Raswarodra, ingkang yuda lan Patih Mandraprakosa, saklangkung déning ramé, lah ing ngriku pun Patih Mandraprakosa sareng kasingsé panglimpungira, nulya pinedhang jangganira akapisanan.
- GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (194),
GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
- Éling Patih Mandraprakosa kapara tiwas, nyata nyata. Wau
- ta wong agung ing Giriguthaka, sareng priksa Patihira kapara tiwas, saklangkung dukanira, akarsa nyalirani ing ngayuda, tedhak saking titihanira rata, jlog, kapethukaken Sangywang Mahadéwa, yèn sinawang wong agung kalih, katon kongas hujwalanira.
- GENDHING KONGAS, REP.
- Wau ta wong agung Giriguthaka, ingkang majeng sura mandilaga, ya mangkana yitnanira Prabu Téjalelana, "sapa mapagaké marang aku iki, déné sigit temen rupané, ora mantra-mantra wong maju perang, besusé dipasang-pasang, ora singgun memungsuhan, ngendelaké kasektèné, déné memanas ati déwa iki, ya ta pengrasaning atiku yèn aku mungsuh déwa klemprang-
- klempreng kaya mangkono baé, mangsa ndadak nggetihana ora." Wondéné yitnanira Sangywang Mahadéwa, "apa iki bebeciké titah Ngimataka, déné ta isih taruna, dènya mulat marang ulun tansah pinancer nétranya, déné dahat amurang krama, kumedhèp kuméring-kéring, curiganya dipipit-pipit, kadya arsa