Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

74

    Wau ta wong agung kalih ingkang sami yuda ènjèr, apranyata Sangywang Bathara Sambu punika, putranira Sangywang Jagadnata, dedeg sembada, gagah prakosa prawira ing ngadilaga, minangka pramugarining jawata Junggringsalaka, wondéné Prabu Candrageni inggih boten nguciwani, pantes dadya agul manggala-
  1. ning nagari Ngimataka, naté mangrempak kang satru dibya, pilih tandhing ing ngayuda, tinon lir putra Ngalengkadiraja Raden Arya Trisirah, santosa prawirèng yuda, lah ing ngriku wong agung kalih nulya sami ngasta agemira limpung lan bindi, cag, tandya sami amiragèng sarira.


    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (187),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
    Wau ta Sangywang Bathara Sambu, sareng kabindi jajanira ambruk ing siti supé purwa duksina, wong agung Tunjungkaroban girang sumbar nulya ngandika.


    SUMBAR (188).
    Wau ta Sangywang Bathara Sambu, sareng kasilir ing samirana, ènget ing wantéyan, nyat anulya jumeneng, tandya campuh yuda malih.


  1. GANGSA GESANG, PRANG, REP.
    Wau ta Mraja Candrageni, sareng dènlimpung pok talinganira, ambruk ing siti supé purwa duksina, Sangywang Bathara Sambu girang sumbar nulya ngandika.


    SUMBAR (189).
    Lah ing ngriku wong agung Tunjungkaroban, sareng kasilir ing samirana, ènget ing wantéyan, jenggirat anulya wungu, tandya dèntitir limpung.


    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (190),
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
    Éling wong agung Tunjungkaroban kapara tiwas, nyata nyata. Wau ta sareng katalika pun Patih Mandraprakosa, arsa }}