Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

73

  1. GANGSA GESANG, PRANG, REP.
    Wau ta Patih Madrahanala, sareng ginada pok talinganira, ambruk ing siti supé purwa duksina, Sangywang Déwantaka sumbar nulya ngandika.


    SUMBAR (184).
    Wau ta Patih Mandrahanala, sareng kasilir ing samirana, ènget ing wantéyan, nyat anulya tangi tandya tinitir ing gada.


    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (185),
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
    Éling pun Patih Mandrahanala kapara tiwas, nyata nyata. Wau ta Prabu Candrageni, sareng mulat wadyanira kathah kapara tiwas, saklangkung dukanira, arsa nyalirani ing ngayuda, tedhak saking titihanira dipangga, jlog, kapethukaken Sangywang Bathara
  1. Sambu, yèn tinon saking mandrawa, anerawang téjaning warna.


    GENDHING TÉJAWARNA, REP.
    Wau ta wong agung Tunjung karoban, sareng priksa dhateng Sangywang Bathara Sambu, kadya ginosong jajanira, ya mangkana yitnanira Sang Prabu Candrageni, "apa iki sénapatiné déwa ing Ngéndrabuwana, déné ambeg agul agora godha, lumaku dikawedènana, ya seka pengrasaning atiku, senadyan majua bareng déwa ing Kaéndran, aku mangsa ulapa." Wondéné yitnanira Sangywang Bathara Sambu, "apa iki pramugarining titah ing Ngimataka, mapagaké marang ulun, polahnya kinarya-karya, tanga-
  1. nya kinepel-kepel, lumakswa dikawedènana, apa ulun dikira ulap marang dhèwèké, yekti mangkana yitnanira Sangywang Bathara Sambu.


    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (186).
    Wau ta wong agung kalih, ingkang arsa mentaraken kawiraganira, dhasar sekti mandraguna, ri seksana samya ngèsthi kotamaning ngadilaga.


    GENDHING ESTHITAMA, REP.