Kaca iki wis divalidasi
72
- Eling para punggawa sekawan, tuwin para jawata sekawan, sami keplajar, nyata nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Mandramenggala, majeng ing ngadilaga, kapethukaken andel ing Junggringsalaka, Sangywang Bathara Panyarikan, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (176).
- Wau ta pun Mandramenggala, anulya narik curiganira, srèpèt, sarwi wicanten.
- POCAPAN (177),
GANGSA PLAJARAN, REP,
POCAPAN (178),
GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (179),
GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
- Éling pun Mandramenggala keplajar, nyáta-nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Patih Mandrahanala, majeng anglan-
- cangi wadya, kapethukaken Sangywang Déwantaka, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (180),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, KANTARAN BAU, SUWUK,
ADA-ADA,
POCAPAN (181),
- Wau ta risang kalih anulya sami nyandhak gada lan bindi, cag, sarwi wicanten.
- POCAPAN (182),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
- Wau ta Sangywang Déwantaka, sareng dènbindi jajanira, ambruk ing siti supé purwa duksina, Patih Mandrahanala sumbar nulya wicanten.
- SUMBAR (183).
- Wau ta Sangywang Déwantaka, sareng kasilir ing mandra maruta, ènget ing wantéyan, nyat anulya jumeneng, tandya campuh yuda malih.