Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

71

    akarsa ndhawuhi para jawata tuwin para yang yang, sami kinèn methukaken ing ngayuda, Sangywang Bathara Brama nulya ngandika.
    POCAPAN (174).
    Wau ta Sangywang Bathara Brama, tanapi kang para jawata sadaya, sareng sampun sami sumekta anggènira berdandosan, arsa methukaken mengsah saking Ngimataka, lah ing ngriku tindakira inggal-inggalan.
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
    Wau ta campuhing ngayuda, wadyabala ing Ngéndramuhara lan wadya ing Ngéndrabuwana, mungsuh sami sudira, bereg-binereg tan ana ingkang kuciwa, wadyanira para naréndra Catur-
  1. gumulung angamuk sura, nggegirisi tandangira wadyabala ing Ngendrabuwana, èsmu kabyatan lawan mandhelong barisira, gya jinejel pra jawata kang pepilihan, ramé malih kang ayuda, kinaro kinatelon, kinapat kinalima, datan sah sami apanggah, long linongan jejel winejelan tan ngéman pejah, sanjata mriyem wus kaliwat, caruk watang benthak kumropyak, bedhama palu bindi parasu limpung, atarung pedhang curiga, jemparing sarampang sami tan ana kuciwa, srang kumencrang kang pedhang caruk kumengsrang, sambating kanin anantang lawan. Lwan surak-surak gumerah, barung tengara bendhé bèri, begor gumentar manegker wiyat, ing payudan segara rah, lumut lelayu bandérang, parang
  2. turangga liman, jeblog kèles ing prang rumangkang kalantaran watang, myang cengkah gelut, tendhang tinendhang genti nekak, jambak nguntir kéntar maputeran, kawuron rah kaberkah pating sulayah, tan ana kang ngéman pejah, sihing gusti kang kaétang, wau ta sareng katalika pangagenging jawata, tandya ngatag wadya pinilih sekawan, wasta Ywang Tantra, Ywang Guritna, Ywang Déwangkara, Ywang Sumarma, kapethukaken wadya prawira Paranggupita, pun Jayasura, Jayaprakosa, Jayapramana, Jayasundirga, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA.
    POCAPAN (175),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, PUR, SUWUK.