Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

70

    Bathara Sambu, anengenaken ingkang rayi Sangywang Bathara Bayu, wondéné ingkang lenggah ngajeng lèr ngajeng kilen punika, Sangywang Bathara Mahadéwa, ingkang lenggah ngajeng lèr wétan punika, Sangywang Bathara Komajaya. Ingkang wonten wingking tengah punika Sangywang Bathara Raswarodra, anengenaken Sangywang Bathara Asmara, angiwakaken Sangywang Bathara Surya. Wingkingira Sangywang Bathara Raswarodra punika, Sangywang Bathara Yamadipati. Wondéné ingkang lenggah kéringira Sangywang Bathara Yamadipati punika Sang-
  1. ywang Mahéswara. Tengenira Sangywang Yamadipati punika, Sangywang Bathara Panyarikan. Bathara Mahéswara mengkeraken Sangywang Citragana. Sangywang Citragana nengenaken Sangywang Déwantaka, Sangywang Déwantaka nengenaken Sangywang Srengganidéwa, sinambetan para jawata tuwin para yang-yang andel-andeling ngayuda, ambelabar ngebeki ing pasanggrahan. Sadangunira lenggah Sangywang Bathara Brama, kang tansah ginalih-galih, amung mengsah saking Ngimataka, déné dèrèng wonten ndhatengi, ya mangkana yitnanira Sangywang Bathara Brama, "iki kadang warga ulun para jawata, tuwin para yang-yang, déné wus samya pepak kapya ana ing pasanggrahan, ulun wus myarsa warta ywan wadyanya si Winatakwaca,
  2. kinèn maninggya ing Ngéndrabuwana, déné tekap semangkin durung ana prapta.” Wondéné yitnanira Sangywang Bathara Sambu utawi Sangywang Bathara Bayu, inggih boten sanès kadi pangétangira Sangywang Bathara Brama.


    GANGSA GESANG, SUWUK, KAWIN,
    POCAPAN (172).
    Wau ta dèrèng dumugi anggènira imbal wecana Sangywang Bathara Brama, kaliyan ingkang raka Sangywang Bathara Sambu, tanapi para jawata, kasaru praptanira jawata kajineman, Ywang Gatiwicara; nyaosi priksa yen mengsah saking Ngimataka sampun andhatengi, arsa maninggya mring Ngéndrabuwana, dedamel langkung saking ageng, lah ing ngriku dumrojog tanpa larapan.


    GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (173).
  1. Wau ta Sangywang Bathara Brama, sareng mireng aturira jawata kajineman, Ywang Gatiwicara, sakelangkung, dukanira,