Kaca iki wis divalidasi
69.
- GANGSA GESANG, SUWUK, KAWIN,
POCAPAN (169).
- Wau ta wong agung Paranggupita, tuwin wong agung Paranggelung, sareng mireng pangandikanira wong agung Tunjungkaroban, sakelangkung dukanira.
KAWIN.
Apa pratandhané yèn duka wong agung kalih, jajabang mawinga-winga, kumedut padoning lathi, manguntar-untaring manah, mangreda ing pupusuh, kadya bedhaha ing lambung, yèn sinabeta merang sagèdhèng, bel kadi medal dahana, wong agung Paranggelung nulya matur sarwi goyang palenggahanira.
POCAPAN (170).
Wau ta wong agung ing Paranggelung, wong agung Paranggupita, wong agung Tunjung karoban, tuwin wong agung Giriguthaka, arsa dhedhawuh dhumateng pepatihira piyambak-piyambak, kinèn sami berdandosan sasumektanipun ing ngayuda, badhé - ngepung wakul ambaya mangap nginggahi ing Kaéndran, wong agung sekawan anulya ngandika.
POCAPAN (171).
Wau ta wong agung sekawan, sawadyabalanira, riwusnya sumekta anggènira sami berdandosan, lah ing ngriku akarsa budhal, tindakira inggal-inggalan.
GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
Wau ta laris lampahira wong agung sekawan, sawadyabalanira, ingkang sumedya dhateng ing Ngéndrabuwana, kocapa barisanira para jawata, ingkang sami masanggrahan wonten ing ngardi Semèru, wanci punapa wayahira semangké, wanci gagad dalu ingkang rahina.
GENDHING RINA-RINA, REP. - Anenggih punika para jawata, ingkang sami masanggrahan wonten ing ngardi Semèru. Ingkang lenggah kidul punika, Sangywang Bathara 'Brama. Ngiwakaken ingkang raka Sangywang