Kaca iki wis divalidasi
66
- Éling pun Andakasura pejah, nyata nyata. Wau ta sareng katalika pun Nagasura, majeng ing sura madilaga, kapethukaken putra Jodhipati Radèn Antareja, lah ing ngriku kapyarsa kumricik sisiking naga.
- GENDHING RICIK-RICIK, REP.
- Wau ta pun Nagasura, ingkang ajeng-ajengan lan putra ing Jodhipati Radèn Antareja, ya mangkana yitnanira teksaka dibya, "sapa prajurit wani mapagaké menyang aku iki, baya sembada temen wujudé, sumengguh sumekti-sekti, kumedhèp kuméring-kering, lumaku dikawedènana, iya anggeré kowé betah geguyon
- karo aku baé, adoh daksembur ora gogrog awakmu, arep apa baé, perak daksaut gulumu dakpulet mesthi pepes awakmu.” Wondéné yitnanira Radén Antareja, “baya iki panggedhéné buron alas, déné angluwihi temen gedhéné ula iki, awaké kaya gunung diwlagar, kumrangsang sisiké anggegila tingkahé, ambeg adigung agora godha, ngolang-ngaling cangkemé mangap-mangap kaya anyaut-nyauta, upasé nrècès kaya teluh braja, apa aku dikira wedi, nadyan wuwuha patang kowé aku mangsa wediya, méndah géné yen Antareja mundur karo ula kaya mengkono baé, peng-
- rasaning atiku, iya anggeré cedhak baé, kena dakbithi ora sida sirna déning aku," titi mangkana yitnanira Radèn Antareja.
- GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (162),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
- Wau ta Radèn Antareja, ingkang yuda lan pun Nagasura, sakelangkung déning ramé, kekajengan kathah rebah kasulayah, kang malang-malang rimbas, kang rawé-rawé rantas. Bosah-basih lir péndah binabadan, Radèn Antareja karépotan, tandya sinaut pinulet aliranira tan wignya uwal.
- GANGSA GESANG, REP.
- Lah ing ngriku pun Nagasura sumbar nulya wicanten.
- SUMBAR (163).
- Wau ta Raden Antareja ambeg sarosa, tandya cinandhak winengka cangkeming naga, sinuwak akapisanan.