Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

65

    pengrasaning atiku, anggeré bisa ruket baé, dakcocok gadhing ora wutah jaringamu,” yekti mangkana yitnanira pun Diradasura.


    GANGSA GESANG, REP,
    POCAPAN (157),
  1. GANGSA GESANG, SESEG, REP.
    Wau ta Radèn Arya Werkudara, ingkang yuda lan pun Diradasura, saklangkung déning ramé, kekajengan kathah rebah, kadya binabadan, siti kang kèdeg kèles medal kang tirta, wiyarira wetawis satengah jung, Radèn Arya Werkudara karépotan juritira, kapeteg ing dirada ngantos wakit dhengkul, Radèn Werkudara dhawah jèngkèng anulya dènkakahi.


    GANGSA GESANG, SUWUK,
    POCAPAN (158),
    SUMBAR, KAWIN.
    Wau ta Raden Arya Werkudara, ambek sarosa, pun Diradasura anulya cinandhak, kinisar kombul ing tawang, dhawah ing siti tandya binithi sirahira sigar sekala.


  1. GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (159),
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
    Éling pun Diradasura pejah, nyata nyata. Wau ta sareng katalika dhateng pun Andakasura, majeng sura madilaga, kapethukaken putra ing Jodhipati Radèn Antaséna, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.


    GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (160),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.
    Wau ta Radèn Antaséna, ingkang yuda lan pun Andakasura, sakelangkung déning ramé, Radèn Antaséna mawantu-wantu siningat, lah ing ngriku pun Andakasura kénging cinandhak singatira, nulya binithi sirahira pejah kapisanan.


  1. GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (161),
    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.