Kaca iki wis divalidasi
64
- Éling pun Hastrasura kapara tiwas, nyata nyata. Wau ta
- sareng katalika dhateng pun Kebosora, arsa majeng kapethukaken putra Madukara Radèn Bambang Sumitra, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (153),
GANGSA PLAJARAN, PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (154).
- Wau ta Radèn Bambang Sumitra, nulya ngasta agemira jemparing, cag. Ngiwakaken gandhéwa, nengenaken jemparing, jumangkah suku kang kiwa, mancat suku kang tengen, gumerèt kang langkap denta, kang warastra tandya lumepas kadya kilat.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (155),
GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
- Éling pun Kebosura pejah, nyata nyata. Wau ta sareng
- katalika dhateng pun Diradasura, majeng sura madilaga, kapethukaken satriya ing Jodhipati, Radèn Arya Werkudara, lah ing ngriku nyat anulya majeng sareng.
- GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (156),
GENDHING KALAGANJUR, ÈNJÈR, REP.
- Wau ta Radèn Werkudara, ingkang yuda ènjèr kaliyan pun Diradasura, sami mencaraken kawiraganira, nggedrug siti anggeget lathi, astané dèn kepel-kepel, tansah dènpantheng kenakanira asta kéring miwir kepuh, asta kanan ngusap rawis, yèn cinandra ingkang warna, lir Sangywang Bathara Bayu mangrempak kang satru sirna, ya mangkana yitnanira Raden Arya Werkudara, “ora
- talah si Diradasura, polahé digawé-gawé anggegirisi. ngolang-ngaling angerak-ngerak, kaya gelap ngampar, kaya angrubuhna gunung, pangrasaning atiku dientèkna kasurané, mangsa ndadak dakèrèpena ora, iya anggeré bisa cedhak baé, dakbithi ora muncrat polomu.“ Wondéné yitnanira pun Diradasura, “ora talah si Werkudara, gedhé dhuwur teteg atiné, pecak dakgegiro ora nganggo owah tandangé, polahé digawé-gawé, semuné kumendhung kumasura, angkuhé kuméring kéring, kaya dikawedènana, ya ta