Kaca iki wis divalidasi
46
- pandhita sepuh, peparab Sang Maha Padya, praptanira sareng winuning jaladara, angin ageng alimengan, sekala jawah ageng andhatengi.
GANGSA PLAJARAN, REP.
Wau ta sadhatengira Sang Resi Padya andhrodhog semu
- atis, Sang Begawan Padya dangu datan sinapa déning Sang Mintaraga,
sabab saweg anungku semadinira. Seksana Sang Begawan Padya tandya asebawa cekoh-cekoh, sarwi dhèhèm kadi guntur Sang Begawan Suciptahening saweg amiyarsa, lah ing ngriku yogyanira Sang Resi tandya rinacut.
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON.
Wau ta kastawa déwa Sang Parta, akarsa asung pambagya dhumateng tamunira, Sang Pandhita nulya ngandika.
POCAPAN (81).
Wau ta Sang Begawan Mintaraga, sareng pinaiben sedyanira dhumateng Sang Maha Padya, Sang Pandhita sakelangkung runtikira.
KAWIN KINANTHI.
Wau ta Sang Pandhita ènget welingira ingkang éyang Sang
- Begawan Dipayana, bénjang yèn amangun tapa, yèn wonten pandhita sepuh rawuh dhumateng guwa, punika cobaning bathara ingkang misésa, kinèn mangsuli ingkang patitis, sampun ngantos karuwidaning karti sampéka, Sang Pandhita tandya saweca prasaja, sedyanira amara tapa, nulya ngandika.
POCAPAN (82).
Wau ta Sang Begawan Padya sareng sampun titis pamyarsanira, déning sedyanira Sang Resi Mintaraga, Sang Resi Padya nulya malih warna, babar dadya Bathara Éndra malih, Risang Parta tandya medhak saking palenggahanira.
LAGON,
POCAPAN (83)
Lah ing ngriku Sang Resi Parta anulya rinangkul.