Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

para hapsari, Sang Begawan Suciptahening, wus nuhoni jujulukira Suciptahening, punapa ta tegesira Suciptahening. Su, marang linangkung, cipta, angen-angen, hening wus angarani. Pranyata Risang Begawan wus hening saciptanira, sekala kang yitma wus wangsul ing angganira malih, lir curiga manjing warangka.


LAGON.

Lah ing ngriku Sang Begawan Mintaraga, tandya mudhar semadinira tinata dènira lenggah, wus mawantah kadi kang wau-wau. Wau ta ingkang pindha wanodya, akarsa mareg lumebet ing guwa, tindakira séblak-séblak sarwi centhé-centhé sebdanira.

  1. GANGSA AYAK-AYAKAN, REP,


    POCAPAN (79),
    GANGSA GESANG, SUWUK,
    POCAPAN (80).

    Wau ta Sangywang Kanékaputra, sareng sinebda déning Sang Pandhita, sekala lajeng anggarbini, Sangywang Bathara Nurada sambat-sambat, sarwi lumajar gegulungan wonten sangajenging guwa.


    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.

    Wau ta hapsari pepitu, sareng priksa Sangywang Kanéka-putra gegulungan wonten sangajenging guwa, nulya sami marepeki, Sangywang Bathara Nurada dhinabyang rinarompa binekta mundur saking sangajenging guwa, lah ing ngriku tindakira inggal-inggalan.


    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
  2. Sébetbyar wau ta sapengkerira Sanghywang Bathara Kané-kaputra, kocapa Sangywang Bathara Endra, ingkang badhé angrencana Resi Mintaraga, dhumateng pratapan ing Ngéndrakila, punapa ingkang dadya sedyanira amangun tapa, paran amaleng susilaning kamukswan, punapa anggayuh kadibyaning ngayuda, Sri Bathara Éndra badhé nyatakaken. Wau ta kocap Sang Begawan Mintaraga, sareng badhé katamuan Sangywang Bathara Éndra, nulya nungku semadi malih. astanira sidhakep suku tunggal. Lah ing ngriku Sangywang Bathara Éndra nulya arsa malih warna