Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44

    ingkang mindha warna Sang Retna Larasati, dhasar putri sèdhet
  1. gandhang raga kerana, lah ing ngriku anulya tindak.


    GANGSA AYAK-AYAKAN TLUTUR, REP,
    POCAPAN (74),
    GANGSA GESANG, SUWUK,
    POCAPAN (75).


    Wau ta Sangdyah Retna Wara Srikandhi, tanapi Dèwi Larasati, wus antara datan sinaruwé panggodhanira, akarsa medal saking guwa, lah ing ngriku anulya tindak.


    LAGON.


    Wau ta gumanti widadari catur, ingkang mindha warna garwanira Sang Pandhita, Dèwi Wanuhara, Palupi, Sumarsih, Sulastri, sumedya angentaraken kanuraganing salira, dhasar putri ayu persaja, mejana akarya rimang, tinon sami kasmaran dhateng Sang Resi Parta.


    GENDING ASMARADANA, REP,
    POCAPAN (76),
    GANGSA GESANG, REP,
    POCAPAN (77),
    GANGSA GESANG, SUWUK,
    POCAPAN (78).


  1. Wau ta waranggana sekawan, wus anelasaken kawigyaning pangrencana, nyethot ngujiwat, sarta ngasta astane Sang Mahatapa, alelèndhèh salira angayang-ngayang, kathah solahira ingkang para widadari, Sang Resi meksa tan kongkih. Wau ta sareng wus tita pangrencananira datan akarya, seksana gya sami wangsul apelarasan.


    GANGSA PLAJARAN, SUWUK.


    Wau ta Sangywang Bathara Kanékaputra, sareng priksa pangodhanira para waranggana, datan wonten ingkang migunani, karsanira badhé nyalirani priyangga, sumedya malih warna wanodya, asesilih nama Dèwi Gandawati, inggih garwanira satriya Arjuna ingkang taruna, kocap Sangywang Bathara Nurada wus
  1. angèsthi malih warna. Sébetbyar wau ta sapengkerira ingkang