Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

42

GANGSA PLAJARAN, SUWUK, LAGON.

Wau ta laris tindakira Sangywang Bathara Éndra, atanapi Sangywang Bathara Kanékaputra, lawan ingkang para waranggana, kacarita sampun tebih saking Junggringsalaka. Kocapa ing pratapan Ngéndrakila, Sang Begawan Mintaraga, ingkang sakelangkung brangta marang jawata ingkang minulya.

GENDHING MADUBRANGTA, REP.

Anenggih punika risang Begawan Suciptahening, ingkang arsa mudhar semadinira, ingadhep ingkang para resi, cantrik wasi jejanggan manguyu guntung, sarta Ki Lurah Semar saanakipun, Garèng Pétruk Bagong, ingkang sowan tengah lèr ngajeng punika, pun Cantrik Danakarti, ngiwakaken Wasi Sonyasubrastha, nengenaken Jejanggan Anungswara, pepak sadaya ingkang para cantrik manguyu guntung, wondéné sadangunira lenggah Sang Pandhita, ingkang ginalih-galih amung sakésahira pun Tumenggung Mamangmurka, ya mangkana yitnanira Sang Begawan Mintaraga, "iki Cantrik Danakarti Jejanggan Anungswara, Wasi Sonyasubrastha, apa déné kakang Semar saanake, wus pepak padha séba kabèh, kaya kepriyé baé pawartané si Mamangmurka, apa ta uwisa mulih menyang negarané, apa ta isih ana sakiwa tengening pratapan Ngéndrakila, yèn ta isih ana sacedhaké pratapan kéné, arep kepriyé baé karepé." Titi mangkana yitnanira Risang Bega- wan Suciptahening.

GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON, POCAPAN (70).

Sébetbyar wau ta Sang Adi Panembahan Begawan Sucipta- hening, bawaning pandhita linuwih, wus datan kekilapan, yèn badhé kacoba déning jawata ingkang minulya, tandya arsa dhe- dhawuh dhumateng para cantrik wasi jejanggan, tuwin Ki Lurah Semar saanakipun, kinèn sami sumingkir rumiyin, Sang Begawan Mintaraga anulya ngandika.

POCAPAN (71).

Wau ta Ki Lurah Semar saanakira, tuwin para cantrik wasi jejanggan, sareng kadhawuhan sumingkir, sabab Sang Pandhita