Kaca iki wis divalidasi
37
| ingadhep sagunging wasi jejanggan manguyu. Sang Pandhita akathah pamitranira ingkang para resi, samya mangèstu dhumateng Sang Pandhita. Ingkang sowan tengah lèr ngajeng punika, lelurahing para cantrik, wasta pun Cantrik Danakarti, wétanira punika pun Wasi Sonyasubrastha, kilènira punika pun Jejanggan Anungswara. Pepak ingkang para cantrik guntung sowan sadaya, wondéné Ki Lurah Semar saanakira inggih sowan wonten ngarsanira sang tapa, teka mangkana pangunadikanira Sang Pandhita, "ikibocah cantrik wasi jejanggan manguyu, pepak padha séba kabeh, semuné padha bungah sarta lega atiné, ingsun lagi mudhar | |
| 63 | semadiningsun." Wondéné yitnanira pun Cantrik Danakarti, "i, i, i, iki Sang Adi Panembahan, lagi pinuju mudhar dènya semadi, akarsa lenggah sajroning guwa, animbali kancaku cantrik jejanggan manguyu, semuné bakal ana karsané, andhawuhaké marang aku, utawa menyang kancaku, dak-sawang- sawang kaya lejar penggalihé," yekti mangkana yitnanira Cantrik Danakarti.
GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON, |
| 64 | dumrojog tanpa larapan. GANGSA GESANG, REP. |
| 65 | pangudasmaranira Sang Begawan Mintaraga. |