Kaca iki wis divalidasi
36
- GANGSA PLAJARAN, SESEG, REP,
- POCAPAN (57)
- GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON.
- Sirnaning gara-gara, wonten punakawan catur, juru wulucumbunira Sang Resi Mintaraga, awasta Ki Lurah Semar, Garèng, Pétruk, Bagong, ingkang saweg wonten sajawining pratapan ing Ngindrakila. Ki Lurah Semar asukan-sukan, tatembangan alelagon.
- SEMAR TETEMBANGAN, ALELAGON, TITI TUNDHA GAGAK INGARAN. LAJENG NGUNDANG GARÈNG, PÉTRUK, BAGONG, SUKAN-SUKAN SAWATAWIS. SEMAR BAWA SWARA SEKAR KUSWALALITA, KATAMPÈN GENDHING PANGKUR,
REP.
- Anenggih punika pratapan ing Ngindrakila, ingkang pinurwèng carita, sinten ta ingkang mratapa wonten pratapan Ngindrakila punika, inggih Sang Begawan Suciptahening, inggih Resi Mintaraga, inggih Sang Resi Parta. Apa tegesé Suciptahening,
- su, marang linangkung. Cipta, pengangen-angen. Hening, wus angarani. Déné ajujuluk Sang Resi Mintaraga. Minta, panedha. Raga, alusing pambudi, salira. Sakelangkung pamintanira ing ngangga priyangga. Apranyata Sang Begawan Mintaraga punika, anglangkungi gentur kasutapanira, pramila Sang Pandhita punika amati raga, awit ing nguni sanget anggènira kuciwa, nalika yuda brata aprang tandhing lawan Sri Bomatara, samya susuruhan para naréndra, jalaran Radèn Wisnubrangta inggih Radèn Samba, pinarwasa déning raka Sri Bomatara ing Trajutresna. Mila kelam
- pahan satriya Madukara bitutama lan Sri Bomatara, awit Sang Arjuna murina dhateng Radèn Samba, kuwandanira binucal dhawah ngarsanira Sang Parta, marma dadya aprang, Sang Parta binuncang ing warastra dibya, déning Sang Prabu Sutéja. Sru kapranan, mila mangké Sang Pandhita sanget amati raga, nggenturaken kasutapanira, anenedha marang jawata ingkang minulya, wignya unggul ing ngayuda, bénjing aprang brangtayuda, kadibyanira haywa ana ingkang madha, anglangkungi titahing ngabathara, lan sageda amemayu tribawana. Angénaki tyasira manungsa pada, pramila Sang Pandhita ing mangké wus katrima, tapanira déning
- Ywang Latawalhujwa, jinurung saciptanira, wondéné Sang Pandhita saweg pinuju mudhar kasutapanira, lenggah salebeting guwa,