Kaca iki wis divalidasi
35
- tapan Ngéndrakila, apa ngluwihana sapadhaning pandhita kang
akèh-akèh, déné klakon gustiku kersa utusan nyuwun pangèstu,
iya muga-muga kersa amaringi pangèstu baé, marang gustiku Prabu Winatakwaca, yèn nganti ora kersa maringi pangèstu, lah
lara apa baé sing dijaluk," yekti mangkana yitnanira pun Tumenggung Mamangmurka.
- GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
- POCAPAN (53),
- GANGSA PLAJARAN, LAJENGAN, WEDALIPUN PATIH BOMAKÉNDRA,
- RAJA KALIH KAPETHUK BUJUNGAN WANA, SARTA PUNGGAWA,
- GANGSA SUWUK, ADA-ADA,
- POCAPAN (54),
- GANGSA PLAJARAN, PATIH BOMAKÉNDRA SARTA BUJUNGAN WANA BIDHAL RUMIYIN, GANGSA SUWUK.
- Wau ta sapengkerira Kya Patih Bomakéndra, lan Mraja Kagéndrasura, wong agung kalih arsa mbodholaken wadya, lah ing ngriku nulya ngandika.
- POCAPAN (55).
- Wau ta wong agung kalih sawadyabalanira sadaya, sawusira sumekta anggènira sami berdandosan, sasumektaning ngayuda, lah ing ngriku akarsa budhal, tindakira inggal-inggalan.
- GANGSA PLAJARAN LAJENGAN, WEDALIPUN PATIH BOMAKÉNDRA, KEPETHUK DENAWA BÉGAL, SUWUK, ADA-ADA,
POCAPAN (56), GANGSA PLAJARAN, SUWUK.
- Wau ta laris lampahira rota denawa, ingkang mecambengi
tepis wiring nagari Ngimataka, lah ing ngriku andhatengaken prabawa, aru-ara ing Suralaya, kadya kinocak kawah Candradimuka, yayah ginonjing balé Simarcukundha, lir ingoyog lawang séla matangkep, ngolang-ngaling sapi gumarang, kumitir pethité Ywang Antaboga. Wondéné gara-gara ing marcapada, segara umob, bumi obah, lindhu ping pitu sadina, gunung gumludhug, ing gegana ngemu riris, kluwung pating palengkung, téja mangkara-kara.