Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

34

    miris manahipun, angesrahna Sangdyah Dèwi Supraba sangkaning alus, yèn meksa boten purun ngulungaken, lajeng sami
  1. kinèn ngrebat ing prang, kalih déné malih yèn wonten trah Pandhawa badhe dhateng Kaéndran, kinèn mangsulaken. Yèn jawata Kaéndran badhé dhateng marcapada, inggih kinèn mangsulaken, Sri Narendra nulya ngandika.
    POCAPAN (50).
    Wau ta wong agung kalih, sareng sampun tampi dhawuhira wong agung Ngimataka, kinèn nusul lampahira wong agung Paranggupita, tuwin wong agung Paranggelung, lah ing ngriku wong agung kalih arsa nyuwun pamit anulya matur sareng.
    POCAPAN (51),
    GANGSA PLAJARAN, REP.
    Wau ta sapengkerira wong agung kalih, wong agung Ngimataka arsa ndhawuhi sami kinèn tata-tata sasumektaning nga-
  1. yuda, sarta Rekyana Patih Bomakéndra, kinèn ndhawuhi wadya bujungan wana lan wadya raksasa, kinèn nunggil lampah lawan naréndra kekalih, Prabu Candrageni lawan Prabu Téjalelana, ingkang arsa tindak dhateng pasanggrahan wana Ngéndramuhara. Wondéné wadya raksasa pinaťah sami pacak baris wonten tepis wiring nagari Ngimataka, yèn wonten tiyang langkung kinèn mangsulaken, Sri Narendra nulya ngandika.
    POCAPAN (52).
    Wau ta wong agung Ngimataka, sareng sampun rampung anggènira dhedhawuh, akarsa kondur angedhaton, tumedhak saking palenggahanira dhampar rukma, jlog. Lah ing ngriku tindakira inggal-inggalan.
    GANGSA GESANG, LAJENGAN,
  1. WEDALIPUN MAMANGMURKA, TOGOG SARAITA, REP.
    Wau ta sawedalira pun Tumenggung Mamangmurka, tanapi ki lurah Togog Saraita, ingkang lumampah duta dhateng pratapan ing Ngéndrakila, ya mangkana yitnanira pun Tumenggung Mamangmurka, "éhahé, kaya apa pandhita ingkang mertapa ana per-