Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

33

    GANGSA GESANG, REP.
    Wau ta sadhatengira pun Tumenggung Mamangdana, lan diktya Amonggarba, wonten ngarsanira Sang Misésa, ya mangkana yitnanira pun Tumenggung Mamangdana, "iki Kangjeng Déwaji pinuju lenggah ana ing sitinggil binaturana, dak-duga iya ngajeng-ajeng kang dadi lakuku, méndah yèn wisa priksa aturku, saiba dukané Kangjeng Déwaji, prakara panuwuné, karsané Bathara Éndra, banjur dibalak baé, sabab Dèwi Supraba ora kalilan disuwun, kinarya tetimbangan mukti, jalaran Kangjeng Déwaji, wis diparingi garwa tatelu hapsari ing Swargaloka, malah-malah
  1. aku kelakon pacakara, karo anaké Bathara Éndra, aran Srenggani déwa, dak duga saya wuwuh dukané." Wondéné yitnanira diktya Amonggarba, inggih boten sanès kadi pangétangira pun Tumenggung Mamangdana. Wondéné pangunadikanira Sri Narendra, "iki si Mamangdana Amonggarba teka, tak kongkon nyaosaké panglamar menyang Bathara Éndra, apa iya ketampan, apa iya oraa, déné tekané tak sawang kemba baé, ulat semuné nemu pakéwuh lakuné," titi mangkana pangunadikanira Sri Naréndra.
    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (48).
    Wau ta Sri Narendra ing Ngimataka, sareng priksa aturira pun Tumenggung Mamangdana, sakelangkung dukanira.
    KAWIN.
  1. Apa pratandhané yèn duka, jaja bang malatu-latu, jatha ngisis kerot gumerot lir singa darpa, obah kang maligé waja, tingal andik lir pindah surya, napas seseg pranaja kadi dahana, yèn sinabeta merang sagèdhèng, bel, kadi medal dahana, wong agung Ngimataka nulya ngandika.
    POCAPAN (49).
    Wau ta Prabu Winatakwaca, akarsa ndhawuhi wong agung kalih, Prabu Candrageni lan Mraja Téjalelana, kinèn nusul ingkang paman utawi ingkang uwa, ingkang sami pacak baris wonten ing Ngéndramuhara. Laju sami kinèn ngepung wakul ambaya mangap ing Ngéndrabuwana, supados Sangywang Bathara Éndra