Kaca iki wis divalidasi
32
- dhateng pratapan ing Ngéndrakila, sowan Risang Begawan Suciptahening, nyuwun pangèstu anggenipun badhé pala krama, dhaup
- lan Sangdyah Supraba, anamung yèn Risang Begawan Suciptahening, datan karsa maringi pangèstu, pun Tumenggung Mamangmurka kinèn mbekta Begawan Suciptahening, sinowana mring Sang Prabu Yeksa, lah ing ngriku Sri Naréndra nulya ngandika.
- POCAPAN (44),
- LAGON,
- POCAPAN (45).
- Sébetbyar wau ta pun Tumenggung
Mamangmurka, ingkang sowan wonten pagelaran, sareng dèntimbali dhumateng Sri Narendra kinèn minggah ing sitinggil, alon dèntetepaken jamangé, dènlongsoraken kampuhé, dènkirap-kirap rikmané, kridhaning wiraga lir wirangrong manahira.
- GENDHING WIRANGRONG, REP.
- Wau ta pun Tumenggung Mamangmurka, sareng mung-
- gèng ngabyantara Nata, sila tumungkul amarikelu, ya mangkana yitnanira pun Tumenggung Mamangmurka, “éhahé, ana apa Kangjeng Déwaji nimbali menyang aku, apa ana karsa dalem kang luwih gawat, déné sawangé asigra-sigra,” yekti mangkana yitnanira Tumenggung Mamangmurka.
- GANGSA GESANG, SUWUK, KAWIN WIRANGRONG,
POCAPAN (46).
Wau ta sareng sampun rampung pangandikanira wong agung Ngimataka, pun Tumenggung Mamangmurka arsa nyuwun pamit anulya matur.
POCAPAN (47),
GANGSA PLAJARAN, REP.
Wau ta dèrèng dangu sapengkerira pun Tumenggung Mamangmurka, ingkang kautus dhateng ing pratapan Ngindrakila, kasaru praptanira ingkang kautus saking Ngéndrabuwana, pun Tumenggung Mamangdana, lan diktya Amonggarba, lampahira
- dumrojog tanpa larapan.