Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

30

    Anenggih punika ing nagari Ngimataka, ingkang rinenggèng gupita, sinten ta ingkang jumeneng nata ing nagari Ngimataka punika, anenggih rajaning raseksa, sinten ta dasa namané, dasa sepuluh nama aran, ajujuluk Maharaja Winatakwaca, inggih Maha-
  1. raja Nirbita. Anglangkungi ageng karaton ing nagari Ngimataka punika, kocap wadyanira bacingah, wadya raseksa tuwin ingkang wadya manungsa, wondéné Sang Prabu Nirbita punika saweg kandhuhan brangta kung rimang, kasmaran waranggana ing suwarga, ingkang wasta Dèwi Supraba. Ing mangké Sri Naréndra arsa miyos siniwaka, animbali Rekyana Patih Bomakéndra, sawadya ing Ngimataka sadaya, tanapi gunging para raja telukan, ingkang sami kasor ing ngayuda, sampun sami sowan asaos bulubekti, glondhong pengareng-areng, dhasar naréndra sami anglangkungi kadigdayanira, wimbuh sami kapanjingan yitmanira raksasa
  2. ing Ngalengkadiraja, dadya sangsaya amimbuhi kakendelanira. ugi kathah para raja ingkang dèrèng sowan, ananging sampun sami mireng pawarta, yèn Sri Naréndra arsa nambut titahing ngakrama, lamaking pramada, dhaup kaliyan apsari ing suwarga Dèwi Retna Supraba, marma para raja lajeng sami sowan, angampil bulubekti. Sinigeg pangrengganing nata, kocap ingkang wonten pasowanan jawi, ingkang sowan tengah punika, pepatih ing Ngimataka wasta Rekyana, Patih Bomakéndra, wondéné ingkang sowan ngajeng kekalih punika, raksasa andel kajineman, ingkang kilèn wasta pun Jathagumbala, ingkang wétan pun Jathawisaya. Ingkang lenggah nginggil kekalih tengenira Rekyana Patih punika,
  3. ingkang ngajeng kaleres uwa dalem ingkang pilenggah ing nagari Nungsabarong, wasta Prabu Kalamatengga, awarna raksasa ageng aluhur, sasat pangawak prabata, sakalangkung kadibyanira, wignya ambles ing pratala. Prabu Kalamatengga mengkeraken Prabu Candrageni, kaleres ingkang raka lan Srimisésa, ingkang pilenggah ing nagari Tunjungkaroban. Kiwanira Kya Patih Bomakéndra ingkang lenggah nginggil kekalih punika, ingkang ngajeng kaleres ingkang paman lawan Sri Narendra, ingkang pilenggah ing nagari Jonggirupaksa, ajujuluk Prabu Hardayeksa, wondéné Prabu Hardayeksa punika, satuhu katitisan kumaraning raksasa ing Ngalengkadiraja, mila anglangkungi kadigadayanira, wignya ngambah
  4. jumantara. Prabu Hardayeksa mengkeraken Prabu Téjalelana, kaleres ingkang rayi lawan Sri Naréndra, ingkang pilenggah ing nagari Giriguthaka. Wingkingira Rekyana Patih Bomakéndra