Menyang kontèn

Kaca:Serat Kandha Ringgit Tiyang Lampahan Mintaraga (Buku I).pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

29


    keplajar, sakelangkung kurdhanira, arsa mangsah ing ngayuda, lah ing ngriku nyat anulya majeng.


  1. GANGSA PLAJARAN, SUWUK, ADA-ADA,

    POCAPAN (34),
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, SUWUK, ADA-ADA,
    POCAPAN (35).


    Wau ta Sangywang Srengganidéwa, anulya ngasta agemira gada, pun Tumenggung Mamangdana, nulya nyandhak limpungira, cag, sarwi wicanten.

    POCAPAN (36)
    GANGSA PLAJARAN, PRANG, REP.

    Wau ta Sangywang Srengganidéwa, ingkang yuda gada, kaliyan pun Tumenggung Mamangdana, sakelangkung déning ramé, tan wonten ingkang kuciwa. Lah ing ngriku pun diktya Amonggarba, sareng sumerep pun Tumenggung Mamangdana, èsmu karépotan juritira, arsa pinenggak kinèn anguncati yuda, lampahira inggal-inggalan.
    GANGSA GESANG, SUWUK, ADA-ADA, SUMBAR (37).

    Wau ta Sangywang Citragana, tuwin sagung para jawata,
  2. tanapi para yang-yang, sareng priksa Sangywang Srengganidéwa unggul yudanira, akarsa marepeki tindakira inggal-inggalan.

    GANGSA PLAJARAN, REP,
    POCAPAN (38),
    GANGSA GESANG, LAJENGAN, REP,
    POCAPAN (39),
    GANGSA GESANG, SUWUK, LAGON.

    Wau ta laris lampahira pun Tumenggung Mamangdana, tanapi diktya Amonggarba, ingkang sumedya mantuk matur gustinira Prabu Winatakwaca, ingkang manggung brangta asmara kung rimang, kocap arsa siniwaka, sumreg gumrumung swaraning wadya ingkang suméwa.

    GENDHING JURUDEMUNG, REP.